Materi Pembelajaran
1. Pangertene crita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku. Crita rakyat ing tanah Jawa iki akeh wewujudane, ing antarane legendha, dongeng, mite lan sapanunggalane. Tuladhane : Andhe-andhe Lumut, Nyai Rara Jonggrang, Bandung Bandawasa, lan sapitirute. Manfaat kang isa dijupuk saka ngrungokake crita rakyat iku yaiku ana pengalaman kang becik saka nulat para tokoh-tokohe.
Ing dhaerahmu mesthi uga ana cerita rakyat kang wis kumandhang. Sejatine ancas utawa tujuwane crita rakyat iku ura mung kaya crita sanyatane, nanging ana pesen kang sinandi ing sajrone crita. Tuladhane : ana crita babagan wit gedhe kang angker lan wingit, wos surasae crita iku ora walaka babagan wit kang angker, nanging kepiye carane para leluhur biyen ben wit-wit gedhe kuwi ora ditegor sasenenge dhewe utawa diregeti sakepenake dhewe. Upamane maneh ana crita yen liwat prapatan kudu ngebel sebab akeh arwah gentayangan sing mapan ana kono. Iku mengku werdi ora kaya sanyatane ana dhemit kang nglambrang, nanging welinge supaya ngati-ati yen liwat prapatan, lan sapanunggalane Titikane cerita rakyat, kayata:.
1. Anonym, ora dingerteni sapa sejatine sing nganggit
2. Minangka karya kolektif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng
3. Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha
4. Nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajiner)
5. Statis,tetep,ora anaowah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman.
2. Unsur crita rakyat
Unsur-unsur kang kamot sajroning crita rakyat iku tokoh, alur, setting, amanat/pesen. Ing wulangan iki para siswa bakal gladhen mirengake crita rakyat kang tundhone isa nyritakake maneh marang kanca kanthi basa padinane lan uga isa aweh tanggapan tumrap surasane crita. Upamane ngenani watak tokohe. Mula kang saka iku coba setitekna gladhen ing ngisor iki kang gegayutan karo crita rakyat.
3. Tuladha crita rakyat
RAWA PENING
Nuju sawijining dina ana bocah laang cilik kang nduweni kasekten kasiku dening penyihir sing duwe watek ala. Mulane bocah lanang kuwi nduweni lelara gudhig lan awake mambu. Ora ana wong sing gelem kekancan kapara ora ana wong sing gelem nyedhak merga ambune lan wedi ketularan.
Bocah mau banjur lelana saka panggonan siji menyang panggonan liyane. Sing digoleki sapa ong sing bisa nambani lelarane mau. Nganti nuju sawijining dina dheweke ngimpi yen bisa ketemu wong wedhok tuwa sing apik bebudene yakuwi sing bisa nambani lelarane mau.
Bocah mau jenenge Baru Klinting anggone lelana nganti tekan ereng-erenging gunung Merbabu sisih lor. Wong-wong sing gegumuk ing ereng-ereng mau racake padha sombong-sombong mula Baru Klinting ditundhung ora entuk manggon ing tlatah kono. Sipate wong-wong kaya daksiya mau ndadekake Baru Klinting murina.
Baru Klinting banjur nancepake sada lan patembaya sok sapa sing bisa ndudut sada mau ndheweke trima lunga lan ora arep nganggu gawe maneh saka papan iku. Saweneh ana versi crita sing nggambarake nuju Baru Klinting teka ing papan iku wong-wong lagi pesta mangan iwak ula gedhe. Baru Klinting sing kaluwen njaluk iwak mau nanging ora diwenehi. Ana mbok Randha sing trenyuh karo dheweke banjur Baru Klinting diwenehi bageyan. Mbok Randha mau diweling supaya gawe lesung mbok menawa ana kedadeyan sing nganeh-anehi.
Bener, pranyata ora ana pawongan sing bisa ndudut sada mau. Baru Klinting kepeksa nuruti para pawongan sing meksa dheweke. Sada mau kadudut mak brol metu banyune nganti ora mandheg-mandheg kaya blumbang lan saya gedhe. Wong-wong mau patingbilulung padha kentir. Sing slamet saka kedadeyan mau mung Mbok Randha sing wis tau nulung Baru Klinting kanthi numpak lesung. Papan sing ana banyune mau saiki katelah Rawa Pening.
http://materibahasajawaa.blogspot.com/2015/04/rpp-bahasa-jawa-crita-rakyat-smasmkma.html?m=1
Tidak ada komentar:
Posting Komentar